Pages

Friday, August 12, 2016

Tour de sikunir

Critane halan-halan neng cikunir,  jarene srengengene pas jedul apik.  Budal nganggo mobil rentalan ro konco stm. Gandeng ono sek ngebos i yowis aku melu..  Haha.  
Kumpul neng omahku jam 11 bengi,  ralet sedelo menyang lewat jalan magelang,  gandeng wetenge kencot mampir disit lah neng angkringan,  mangan lesehan go sego kucing lawuh usus wedange wedang jahe,.   Damai tenan. Wis entek sego rong bungkus,  jae susune yo wis asat,  hayooo lanjut ke le mlaku ndak ra kumanan srengenge pas jedul.  

Kiro-kiro jam 4.30 lagi tekan cikunir,  ambok o wis rodo telat,  ojo lali sholat subuh sek.  Jebul wisatawan e okeh tenan,  le munggah sanajan iseh peteng tapi rame tur macet mergo dalane muk cilik angel le nyalib.  
Dalan e rodo lunyu dadi kudu ati-ati, kringet e mulai metu.  Kiro-kiro setengah jam luwih sithik wis meh tekan puncak cikunir,  tapi sayange ora cerah sahinggo mataharine ketutup mego. Yowis rapopo idep-idep halan halan ro kumpul konco. Poto-poto delo go kenang-kengan trus mudun meneh. 

Tekan ngisor delok danau sek ketutup pedut,  neng.. Wag jan kurang sib pendangan e. 
Gandeng wis sakwetoro aku ro konco-konco munggah mobil lan mulih lewat banjar negara sek ono tanah longsor kae.  

Yowis mek ngono wae ceritane pas neng cikunir,  . 
 











0 comments:

Post a Comment

 

Blogger news

Blogroll

contact

telp : 085714218812 wa : 089623965810