Pages

Sunday, June 12, 2016

URIP IKU


Urip iku
Kadang bingung ro simbah simbah kae anak e 7, 8, 9 bahkan 12
Iso nguripi bahkan nyekolahke anak2 e, 
ra sithik sek dadi guru, pegawai, TNI, polri, dokter, juragan beras, juragan daging, manager pabrik, bahkan sek due pabrik
Padahal nek dipikir2 dadi simbah sek urip e tani, nandur pari, jagung, telo hasile ra sepiro o
Nandur pari misal e, diewangi nunggu 3 sasi luwih 
eee lagi sesasi tandur e wis abang..
eeee basan arep panen rebutan ro emprit,, 
eee tikus e ra gelem kalah, ,,, 
eee di serang wereng dadi gabuk.. 
eee basan parine lemu kok malah ambruk,.. 
eee eeee liyane


Dilalah kersane gusti allah sek paring rejeki ono2 wae carane,
Pas butuh ragat sekolah dilalah weduse manak
Pas bayar sragam dilalah sapine keno dieret i
Pas bayar uang gedung dilalah kambil e ndadi
Pas ono sumbangan wae kokyo pitik e wis gede2
Pas pas pas lan dilalah dilalah dilalah sak panunggalane


Eee lakok koyone wong sakiki 
mobil e mewah, 
omah e sak hohah tur megah, 
sandangane wah,
 panganggone grembyah-grembyah
 eee jebul utange blangkrah
atine gundah


Ra jamin tentreming atine sek wah wah wah mau ngluwihi simbah simbah sek mung pas pas pas pas
dadiiiii

URIP IKU WANG SINAWANG
URIP IKU URUP
URIP IKU MUNG MAMPIR NGOMBE

0 comments:

Post a Comment

 

Blogger news

Blogroll

contact

telp : 085714218812 wa : 089623965810